Pengikut

Senin, 27 Mei 2019

Anekdot dialek Pekalongan

Isuk-isuk Tono tangi kawanen. Tumon-tumon kok ndongeng karo kakangane seng wes tangi dek subuh.

Tono :"mugakno atis jebul kabute kandel."
Kakange tono :"Iyo ton bener, Kabute kandele jan, kono subuhan sek." etok-etok setuju karo omongane tono.
Tono : "Lha pa'e nang ndi mas?." balas tono.
Kakangane tono : "Pa'e yo wes nang pasar grogolan ra tuku lontong. Wong Yahmene og." Jawab kakangane sambil nada ngegas.
Tono :"Lho emang iki jam Piro si mas?."
Kakangane Tono :"Jamilah izek njengking, nyambi tingkring, Nang ngisor Pring miring-miring." jawab kakangane nyambi cengengesan.
Tono :"Seng genah si, hiso onggrongan kae."
Kakangane Tono :"Lha mbok mendangak le, matane melek. Wong jam nang duwure cemantel hiso rak weroh." jawab kakangane nyambi nyekeli ndase tono ben madep jam.
Tono :"Hah jam setengah pitu!! Lha kok wes awan, Lha simak ng ndi mas?."
Kakangane Tono :"Lha kae simak nang mburi omah, kono parani isan wudhu terus subuhan le."
Tono :"Yowess mas pak nang mburi."

(Tono mlaku) Srekk...srekkk...srekk ..(ciri khas suoro mlakune wong kalongan nek nembe tangi turu). Orak suwi, Ujug-ujug tono nggembor.

Tono :"Mas... Jebule iki hudu kaboott lhehhhh!!! Bu'e izek bakarr satee!! Asem og dapusi mas tok."

Tamat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar